Tahun Pelajaran 2020/2021 bertepatan dengan diberlakukannya Program BDR karena adanya Pandemi Covid – 19, Sekolah Dasar Negeri 02 Ujunggede telah mempersiapkan PJJ baik Daring maupun Luring.Tahun Pelajaran 2020/2021 bertepatan dengan diberlakukannya Program BDR karena adanya Pandemi Covid – 19, Sekolah Dasar Negeri 02 Ujunggede telah mempersiapkan PJJ baik Daring maupun Luring.
Note:
BDR = Belajar Dari Rumah
PJJ = Pembelajaran Jarak Jauh
Daring = Dalam Jaringan
Luring = Luar Jaringan
Tanah Jawa wis kondhang kawentar sak indeging nuswantoro dalah sumprambah tekan monco negoro, amargo kondhang panggonan kang subur makmur , gemah ripah loh jinawi,
Subur opo bae kang tinandur thukul tetanduran kang ijo royo royo. Bebasan esok nandur sore tukhul , sore nandur esok panen.
Makmur opo bae kang tinandur mekoleh lan biso kanggo wong nunggal kasur, nuggal dapur, nunggal galur lan nunggal sumur kabeh guyub dadi sak sedulur. Makmur biso murah sandang, murah pangan lan murah panggonan.
Subur kabeh tethukulan biso urip tanpo tinandur kayoto wit gedhang. Ceblok gedebog thukul wit gedhang wohe pisang ngedaplang daplang. Kejobo iki rone pisang biso kanggo samubarang wadhah pangan, jajan utowo panganan. Sego berkat, bubur panas, lodheh tuntut, sayur gudheg, kluban, krawu, gobral thiwul biso diwadhahi nganggo ron pisang utowo godhong gedhang. Wong milenial ngendikane wadhah kang ramah lingkungan, praktis lan ekonomis.
Ananging ojo diarani Jowo sing durung kebak kasusastran kang ngemu suraos pepindang. Podho barange, biso bedo arane lan bedo penganggone.
Tuladhane yen wayah esuk dhahar bubur langkung eco nganggo wadhah takir. Yen awan dhahar pecel yo mathuk ngganggo takir ananging poro tani podho dhahar ono tegalan nganggo ponggol.
Ing ngisor iki ono ambar maneko warno wadhah soko godhong gedhang. Opo kowe ngerti jeneng lan kanggone ?